Selasa, 02 Oktober 2012

Kanggo Bocah


Kanggo Bocah
Dening : Turiyo Ragilputra

Apa sliramu uga ora pengin/ methiki kembang mlathi/
ngronce-ngronce/ dadi kalung barleyan banget endah//
banjur dikalungake ing potrete ibumu/ kang banget aking?//

lemah padhas saya ora nate kambon banyu
lan kringet sing netes/ malah nuwuhake hawa sangar//
pancakara mbaka pancakara/ ngowahi lakune sejarah/
gilir gumanti/ bebendu lan pageblug/ nibani plataran iki//
apa maneh tembang alas gunung.  //Sedheng anak-anak
kepodhang/ banget kewuhan nemokake pang-pang eyub/
kanggo ajar lelumpatan lan jejogedan//

Ah, bokmenawa pangarep-arep iki/ mung pantes semi  jroning
angen-angen.//  Sadhela surem, sadhela maneh kerem/
utawa ilang bareng musnane guyu grapyak
bocah-bocah angon/ sing kekidungan sesulingan
merga ambu suket/ ing kalane grimis tumiba/
kabuncang angin tumuju poncoting kangungunan//

Padhang rembulan sing lagi salingir kae//
sing biyen setya tuhu/ nunggoni kembang desa adus ing kali/
sinambi rengeng-rengeng nembang kidung mangsa kala//
semune/ lagi martakake anane tangis nelangsa//
bumi sing saya tuwa,/ jaman sing saya wuda//
O, wis ora ana maneh/ tembang-tembang dolanan//
Apa maneh/ jejaka nglamar kekasihe nganggo guritan//
wis ilang gandane rambut wangi/ merga anyese banyu kali//
wis ilang sumerbake lulur warangan/ saka wanita pingitan//

Saiki/ ana sagagang sing durung kapethik//
bok menawa/ kowe bisa nggoleki dununge//
nanging/ bok menawa uga ora bisa.// awit selawase
kenangan lan kenangan tansah lunga teka//
lan kabeh/ mung gumantung marang kekudangan/
lumantar beninge oceh kukila//


Tidak ada komentar:

Posting Komentar