Selasa, 02 Oktober 2012

Dewi Madrim


Dening:
Bintang Surya Pamungkas Putra Adi Perkasa      (08/X.2)
Denis Anggraini Kusuma Dewi                            (10/X.2)
Diah Anggraheni Setianingsih                           (11/X.2)
Febi Nur Hardiyanti                                        (14/X.2)
Kholis Nur Cahyo                                              (17/X.2)
Meitri Sulistianingtyas                                    (18/X.2)
M. Rival Faozi                                                  (19/X.2)
Nurmei Anggita Sari                                        (23/X.2)
Rizal Giri Laksono                                            (25/X.2)
Sigit Purwadi                                                   (27/X.2)
Titik Sarifatun                                                          (29/X.2)
Ulfah Choerunnisa Nurul Litasari                       (30/X.2)
Yulia Enita                                                       (32/X.2)


SMA NEGERI 1 KEBUMEN
RINTISAN SEKOLAH BERTARAF INTERNASIONAL
Jalan Mayjen Sutoyo No. 7 Kebumen, Telp. (0287) 381407, Kode Pos 54316
E-mail : sma_1_kbm@yahoo.com / website : http://www.sman1-kebumen.sch.id
TAUN WULANGAN 2011/2012



            Puji syukur konjuk wonten ngarsanipun Allah SWT, inggih awit saking berkah saha rahmatipun, makalah wayang “Dewi Madrim” punika saged karakit. Makalah punika karakit adhedhasar sumber internet lan buku-buku basa Jawa.

            Kanthi babaring makalah punika, kaangkah para siswa saged kabantu anggenipun mekar ngrembakakaken budaya jawi lumantar pasinaon ing sekolah. Kejawi punika kaangkah basanipun saged katampi dening para siswa ing jaman samangke.

Pangrakit ngakeni bilih makalah punika taksih kathah kekiranganipun, pramila saking punika mugi para kadang siswa pinter-pinter anggenipun damel mulur mungkredipun materi ajar amrih pasinaon Basa Jawi boten njuwarehi. Boten kesupen pangrakit angrantu menggah panyaruwe saha iguh pratikel saking para guru lan para sutresna budaya Jawi kangge damel langkung sae lan pigunanipun makalah punika.

Wusananing atur, mugi-mugi makalah punika wonten paedah mupangatipun tumrap siswa, guru, sarta para pamardi mekaring budaya Jawi. Nuwun.

Kebumen, 24 Mei 2012



Pangrakit




Kaca judul .......................................................................................................................... 1
Purwaka  ............................................................................................................................. 2
Daftar isi ............................................................................................................................. 3

Dewi Madrim  ................................................................................................................ 4
a.   Sedulure Dewi Madrim ............................................................................................ 4

b.   Garwane Dewi Madrim............................................................................................ 4

c.   Putrane Dewi Madrim............................................................................................... 4

d.  Watake Dewi Madrim............................................................................................... 5

e.  Crita babagan Dewi Madrim...................................................................................... 5

f.  Crita saking Prabu Salya babagan Dewi Madrim....................................................... 5

g. Matine Dewi Madrim ................................................................................................ 6

Kapustakan        .................................................................................................................. 7

























            Dewi Madrim utawi Dewi Madri yaiku putrine Prabu Mandrapati, ratu ing negara Mandaraka  kaliyan Permaisuri Dewi Tejawati.
                       













                         
¢  Sedulure Dewi Madrim
            Dewi Madrim duwe kakang siji, arane Narasoma sing sawise dadi ratu negara Mandaraka nduweni gelar Prabu Salya.
             
¢  Garwane Dewi Madrim
            Dewi Madrim rabi kaliyan Prabu Pandu, ratu negara Ngastina lan dadi permaisuri keloro, ndampingi Dewi Kunti.

¢  Putrane Dewi Madrim
            Dewi Madrim duwe putra loro kembar, saking Prabu Pandu, yaiku Nakula lan Sadewa.
             
¢  Watake Dewi Madrim
            Dewi Madrim nduweni watak welas asih, setya, sabar lan wingit.

¢  Crita babagan Dewi Madrim
            Nalika Dewi Madrim mbobot, dheweke nyuwun marang Prabu Pandu supaya plesir ing Taman Kadilengen lan nunggangi Lembu Andini, yaiku tumpakane Sang Hyang Jagad Girinata. Nanging dudu ing Taman Kadilengen sing saiki ana, Dewi Madrim nyuwune Taman Kadilengen diowah padha endahe kaya Taman Ekacakra ing Kaendran.
            Sang Prabu ngutus Yamawidura kanggo ngowah Taman Kadilengen  satemah bisa endah kaya Taman Ekacakra ing Kaendran. Prabu Pandu budhal dhewe menyang Ujung Giri Salaka (Junggring Salaka) kanggo madhep Dewane Dewa, yaiku Sang Jagad Girinata kanngo nyilih Lembu Andini namung kanggo nuruti apa karepe garwane.
            Pandu sembrana nalika nampani Lembu Andini. Nalika iku uga Pada saat Pandu ing ngarepe Batara Guru nunggangi Lembu Andini. Awit saking punika, Pandu kens upata saking Sang Hyang Jagad Girinata yen dheweke besuk bakal mlebu neraka.  
            Ora watara suwe, putra kembare dewi Madrim, Nakula lan Sadewa lair.
            Taman Kadilengen wis diowah dadi padha endahe kaya Taman Ekacakra ing Kaendran. Yamawidura nangkep kijang (menjangan) kencana lan kijang wulung kanggo diaturake marang Prabu Pandu.               
Kijang loro iku bisa ngomong lan ngece ing ngarepe Pandu. Dheweke getun marang tingkah polahe Prabu Pandu sing ngurung kijang loro kuwi mau. Sawise Prabu Pandu krungu omongane kijang mau, dheweke murka, lan kijang loro iku dipateni. Bathange kijang itu owah dadi Resi Suhatra lan Rara Rago.
            40 dina sawise, Dewi Madrim kaliyan Prabu Pandu cengkrama ing Taman Kadilengen. Dewi Madrim katon luwih ayu tinimbang biyasane. Prabu Pandu nafsu marang Dewi Madrim, satemah lali marang upata saking Sang Resi. Kanthi mesra, Sang Prabu ngrungrum Dewi Madrim. Nanging wektu iku uga, Batara Yamadipati teka nggawa surat perintah saking sang Hyang Maha Dewa kanggo nyabut nyawane Prabu Pandu lan  langsung dilebokke ing neraka.

¢  Crita saking Prabu Salya babagan Dewi Madrim
            Nakula Sadewa krungu crita saking paman sepuhe, yen kanggo nebus kasenengane ibune, bapake, Prabu Pandu rila lan ikhlas manggon ing Neraka Yomani.
            Prabu Salya crita nalika ana perang gedhe antarane Prabu Pandu, ratu Astina lan Raja Trembuka, Ratu Raksasa saking Pringgondani. Ana pisan pindho, pisowanan Trembuka ora katon madep. Nganti Prabu Pandu murka.
            Nalika iku, Dewi Madrim lagi mbobot. Ing perang gedhe ing Ladang Kurusetra iku, Prabu Pandu kena senjata Keris Kala Nadah andalan Trembuko. Ing wektu iku uga, Trembuko kena senjata Pandu nganti mati. Prabu Pandu semaput, Keris Kala Nadah dicabut dening Yamawidura lan diwenehake marang Arjuna.
            Sawise sadar, abdi dalem menehi kabar yen Dewi Madrim wis nglairake kembar. Ana uga kabar babagan Dewi Madrim sing seda amarga kelangan getih akeh. Sedurunge mati, Prabu Pandu taksih sempet nulis ing salembar kertas, jeneng kanggo putra kembare, ‘Kinten’ lan ‘Pangsen’. Sawise laire Nakula lan Sadewa, sing nyusoni, momong lan ngrumat yaiku Dewi Kunti.

¢  Matine Dewi Madrim
            Matine Dewi Madrim kacaritakaken, dheweke terjun mlebu ing pancaka (geni kanggo mbakar mayit), melu bela pati marang sedane garwane, yaiku Prabu Pandu.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar