Selasa, 02 Oktober 2012

Asal-usul aksara Jawa


Asal-usul aksara Jawa
Kathah ingkang pitados bilih aksara Jawa menika dumadosipun saking cariyos Ajisaka ingkang kadadosan wonten ing satengahing abad VII (kaserat wonten ing Kitab Manik Maya).
Prabu Ajisaka kagungan abdi kalih, inggih menika Dora kaliyan Sembada. Wonten ing satunggalipun dinten, Prabu Ajisaka tindak kanthi dipundherakaken kaliyan Sembada. Lajeng Dora dipundhawuhi Prabu Ajisaka nengga duwung wonten ing dalem.
Prabu Ajisaka saderengipun tindak, paring dhawuh dhumateng Dora kaliyan Sembada, menawi duwung kala wau boten pareng dipunaturaken dhumateng sinten kemawon kejawi namung Prabu Ajisaka.
Sasampunipun kirang langkung gangsal warsa anggenipun Prabu Ajisaka tindak, Prabu Ajisaka lajeng paring dhawuh dhumateng Sembada supados mundhut duwungipun. Wusananipun Dora kaliyan Sembada sami andon jurit adu kasekten, saengga kekalihipun sami seda sedaya.
Prabu Ajisaka sasampunipun nengga sawatawis dangu lajeng kondur murugi abdinipun. Prabu Ajisaka lajeng kaget sasampunipun pirsa bilih abdinipun kekalih sampun seda sedaya. Awit saking kadadosan menika, Prabu Ajisaka lajeng damel sastra cacahipun kalih dasa, ingkang anggadhahi sekawan larik, saben larik anggadhahi sekawan sastra. Wonten ing manuskrip sastra kawastanan Sastra sarimbangan. Wondene jangkepipun inggih menika:

Ha Na Ca Ra Ka ategesipun ana utusan.
Da Ta Sa Wa La ategesipun padha suwala (kerengan).
Pa Da Ja Ya Nya ategesipun padha digdayane.
Ma Ga Ba Tha Nga ategesipun padha dadi bathang.

Dene sumber sanesipun, miturut panalitenipun para sarjana ing jaman rumiyin, aksara jawa menika asalipun saking aksara Devanagari. Aksara Devanagari menika kangge nyerat basa Sansekerta, inggih basanipun tiyang India.

Kapethik saka: http://jawaampuh.blogspot.com/2011/01/asal-usul-aksara-jawa.html


Tidak ada komentar:

Posting Komentar