Selasa, 02 Oktober 2012

Donga Bocah Piatu


Donga Bocah Piatu
Dening : Turiyo Ragil Putra
Gusti,/ durung kober dakruti/  jisime ibu//
sing mati kaliren/ ing pinggir dalan//
mati kaku merga ngrungkebi /sesantine tembang kemakmuran
“Iki jaman mardika.// Pembangunan ginelar kanggo
Kamulyan para kawula”//
( nanging/ apa urip cukup wareg mangan sesorah//
sedheng para pepriman isih pating slarah ) //

Gusti,/ upama aku entuk blaka//
wiwit wingi/ weteng iki durung klebon sega//
senajan ujaring kandha/ kita iki wis mardika//
pembangunan dadi program kapisan,/ kemakmuran
Janji manis/ saka kabeh pengendhali lis peprentahan//
“nanging/ apa cukup manungsa mung urip karo janji//
sedheng kacintrakan/ tansah mbujung urip iki?”//

Gusti,/ najan wis dakgawa kabeh sanggan panandhang//
menyang endi kudu nglabuhake kesurange nasib//
kemakmuran iki/ panggah angel diranggeh//
sagagang kembang cempaka/ uga wis kadhung alum//
sakdurunge kober daksawurake ing makame ibu//
sing dadi kurban atas nasib sapait rempelu


Tidak ada komentar:

Posting Komentar