Jumat, 28 September 2012


Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Bapak Bupati Kebumen ingkang pantes sinudarsana
Ingkang dahat kinormatan, Ibu Kepala Dinas Dikpora Kabupaten Kebumen
Ingkang satuhu kinormatan, Bapak Kepala SMA Negeri 1 Kebumen
Para Bapak saha Ibu Guru ingkang tansah kinabekten
Ingkang winengku ing pakurmatan, para rawuh saha tamu undangan sedaya
Para kadang wredha mudha tumaruna ingkang sanget kinasih ingkang kula tresnani

Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngaturaken raos puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, awit rahmat saha hidayahipun satemah kita sedaya saged makempal manunggal wonten ing adicara silaturahim Halal Bi Halal ing enjing punika kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Sholawat saha salam mugi tansah lumeberaken dhumateng Junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita ajeng-ajeng syafa’atipun mbenjang ing Yaumul Akhir. Amin.

Para rawuh ingkang dahat kinormatan,
            Alhamdulillah wa syukurillah kita sampun saged nglampahi sasi Ramadhan kapengker kanthi sae lan hanggayuh kemenangan ing dinten Idul Fitri sasi Syawal sakpunika sasampunipun nindakaken ibadah pasa setunggal sasi.
            Kula ngrumaos bilih sesambetan kita sedaya ing pasrawungan, utaminipun ing lingkungan SMA Negeri 1 Kebumen sadangunipun setunggal taun punika tartamtu kemawon boten luput saking kalepatan lan sakabehing atur saha tindak tanduk ingkang boten mranani penggalih, ingkang dipun sengaja utawi boten.
            Amargi saking punika, ing wekdal ingkang bagya mulya punika, kula badhe ndherekaken para siswa SMA Negeri 1 Kebumen supados tansah njembarake manah kanthi raos tulus ikhlas kangge ngajeng-ajeng ridhonipun Allah SWT supados nyuwun pangapunten lan maringi pangapunten awit sedaya kalepatan kita, satemah kita saged wangsul suci malih kados dene bayi ingkang nembe lair.
            Keparenga kula minangka wakil saking siswa SMA Negeri 1 Kebumen hangaturaken agunging pangapunten lair lan batos dhumateng Bapak Kepala Sekolah lan Bapak Ibu Guru saha para rawuh sedaya, mugia Allah Ingkang Maha Kuwaos tansah angluberaken rahmat saha barokahipun dhumateng kita sedaya. Mugi-mugi Allah SWT maringi pangapunten tumrap sedaya dosa ugi kalepatan kita. Sugeng Dinten Riyaya Idul Fitri 1433 H. Taqobbalallahu minna wa mingkum taqobbal yaa kariim. Minal ‘Aidin wal Faidzin, nyuwun pangapunten lair lan batos.

Para rawuh ingkang minulya,
Makaten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten kuciwaning atur subasita ingkang nalisir saking kautamen lan kasusilan, kula mawantu-wantu nyuwun agunging samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

NAMA            :  YULIA ENITA
KELAS           :  XI IPS 3
NO                  :  28

Tidak ada komentar:

Posting Komentar